-->

NASKAH KETOPRAK: ARYA PENANGSANG BABAK II


NASKAH KETOPRAK ARYA PENANGSANG

Naskah Drama Tradisional
(Kaanggit Dening: Akhmad Winarto)
Harya penangsang gugur

BABAK  II

Paraga:
1) Sultan Hadiwijaya, 
2) Pemanahan, 
3) Sutawijaya, 
4) Sunan Kalijaga, 
5) Kebo Kluyur, 
6) Setan Mendem.

Kawontenan:
Ing margi rombongan Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya kacandhet dening begal utawi rampok (Kebo Kluyur lan Setan Mendem).

Antawacana:
Kebo Kluyur: Wis limang dina lawase, awak dhewe mbegal kok durung ana asile?
Setan Mendem: Mbegal iku mesthine ya didelok-delok … ora angger nyegat ngono wae.
Kebo Kluyur: Wingi ana wong nggawa bungkusan gueddhe, tak cegat…tak pateni …bareng tak bukak hla kok isine rosokan.
Setan Mendem: Ha..ha…hah… Beda karo aku.
Kebo Kluyur: Yen kowe kepriye kang?
Setan Mendem: Ana rombongan …yen mlaku sajak gita-gita…saka kadohan tak delok…wah iki … sing papat mikul jodhang … yen ora panganan mesthi barang srah-srahan.
Kebo Kluyur: Donya brana kang?
Setan Mendem: Bener…meshi iki mas picis raja brana… sawise tak begal … wonge mlayu kabeh … jodhang ditinggal … alon-alon tak bukak …jebule isine mayit.
Kebo Kluyur: Dadi sing mbok begal mau pendhosa…dudu jodhang. Mulane dina iki awak dhewe kudu ati-ati, aja nganti kleru maneh. Awek dhewe kudu dadi perampok sukses.
Setan Mendem: Sayange…jaman saiki durung usum korupsi…dadi awak dhewe cukup trima dadi begal utawa rampok wae. Suk yen tanah kene wis maju, generasine awak-awak dhewe … anak  turunne para begal lan rampok sing nerusna dadi koruptor.
Kebo Kluyur: Ora bisa kang…senajan saiki aku dadi rampok, nanging sabisa-bisa anakku aja dadi rampok. Sing dak puji, muga-muga anakku dadi pejabat sing terhormat.
Setan Mendem: Halah…gayamu wae kaya uwong. Kowe ngerti apa ora, ing antarane pejabat karo penjahat iku mung beda-beda tipis. Bedane, yen penjahat iku ora bisa dadi pejabat, nanging akeh pejabat sing pungkasane dadi penjahat.
Kebo Kluyur: Yen tak pikir bener kowe kang. …Maune dadi pejabat kepala daerah terus dadi penjahat… mlebu penjara merga korupsi.
Setan Mendem: Wis! Cukup! Waspadhakna sapa kae! Kae ana iring-iringan saka kidul!
Kebo Kluyur: Yen ndelok sandhang panganggone, ketoke dudu wong sembarangan. Ati-ati kang! (mundur ing sisih kanan panggung)

(Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya mlebet saking kanan, Sultan ing ngajeng piyambak ngadhepi begal)

Setan Mendem: Awak yen lagi beja…ketoke  iki rombangan pejabat kepala daerah.
Kebo Kluyur: Kowe kok ngerti kang?
Setan Mendem: Kae jaranne ana plat nomere Pa 1.  Kendaraan plat nomer siji, iku biasane kepala daerah.
S. Hadiwijaya: Bener aku pancen Pajang siji, aranku Sultan Hadiwijaya.
Setan Mendem: Sultan Hadiwijaya? Haa…ha…ha…iki tiwas kebeneran. Wis suwe aku pengin ketemu. Aku pengin njajal sepira antebe tanganmu.
Kebo Kluyur: Iya kang. Jaka Tingkir …Karebet… (nuding dhateng S. Hadiwijaya) saiki kowe dadi sultan ganti jeneng dadi Hadiwijaya. Sak jane, kowe karo aku iki padha wae. Padha penjahate… aku rampok…penjahat donya brana…kowe penjahat wanita…penjahat kelamin.
Setan Mendem: Pira wong wadon sing mbok rusak! …Aja maneh bojone wong liya…bojone kancamu dhewe wae mbok obok-obok!
S. Hadiwijaya: (duka) Kurang ajar temen kowe…sapa jenengmu?…supaya mengko ora mati tanpa aran. Ngakua, supaya bathangmu bisa dak kirim marang ahli warismu!
Kebo Kluyur: Ha…ha..ha…bareng kawiyak wadine…dadi nesu. Yaa…ditepungake… aku begal sing kondhang…jenengku Kebo Kluyur. Aku dijuluki Kebo Kluyur…jalaran Kebo kena tanganku pisan wae  pecah ndhase ngluyur gembunge.
Setan Mendem: Aku Setan Mendem. Merga yen mendem, polahku kaya setan. Ha...ha...haa…
Pemanahan: (majeng) Kula kinten mboten perlu panjenengan ingkang majeng, cekap kula lan anak kula Sutawijaya ingkang ngrampungi begal-begal bongkeng menika.
Sutawijaya: Inggih kanjeng Sultan…mangga panjenengan lan Rama Pemanahan kula aturi aso salira. Kula badhe njajal aji waringin sungsang, ingkang nembe dipun ajaraken kanjeng Sunan Kalijaga.

( S. Hadiwijaya lan Pemanahan medal ing kanan panggung, Sutawijaya majeng ngadhepi begal )

Setan Mendem: Bocah lagi dhek wingi sore…balunge isih empuk hla kok dikongkon ngadhepi awak dhewe.
Kebo Kluyur: Kene kang tak nggone dolanan.

(Kedadosan prang tandhing, Sutawijaya mimpang lan para begal mlajeng. Sultan Hadiwijaya lan

Pemanahan mlebet malih sareng rawuhipun Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga ngucap salam, kawangsuli dening Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya lajeng sedayanipun sungkem kanthi ngaras astanipun Sunan Kalijaga)

S.  Kalijaga: Pada basuki sira kabeh?
S. Hadiwijaya: Awit berkah pangestu panjenengan, sedaya sami wilujeng Kanjeng Sunan.
Pemanahan: Kanjeng Sunan Kalijaga nglodhangaken wekdal manggihi Sultan Hadiwijaya, kula  lan yuga kula tamtu wonten bab ingkang wigati.
S. Kalijaga: Marang sira kabeh aku mitungkas, ati-ati … yen sira dicaosi apa wae sing katone rada meksa aja pisan-pisan sira tampa.
S. Hadiwijaya: Banget anggen kula mundhi kanjeng Sunan Kali.
S.  Kalijaga: Sabali sira saka Kudus mampira ing gunung Danaraja pethukana sedulur mu wadon … Ratu Kalinyamat…sing lagi mertapa ing Danaraja. Cukup semene, karia slamet sakabehane. Assalamualaikum.(medal)

(Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya sesarengan mangsuli salam)

Pemanahan: Syukur Alhamdulillah kanjeng Sultan, ketingalipun kanjeng Sunan Kalijaga paring pangestu dhumateng kita sedaya.
S. Hadiwijaya: Kanthi mangkene, Panjenengan ingsun ora bakal tidha-tidha maneh. Mumpung isih padhang, Ayo dibanjurake tindak tumuju panti Kudus.
Sutawijaya: Mangga kula dherekaken.

(Sultan Hadiwijaya, Pemanahan, lan Sutawijaya medal)

0 Response to "NASKAH KETOPRAK: ARYA PENANGSANG BABAK II"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel