-->

NASKAH KETOPRAK: ARYA PENANGSANG BABAK III


Naskah Drama Tradisional
(Kaanggit Dening: Akhmad Winarto)
Harya penangsang gugur


BABAK  III

Paraga:
1) Harya Penangsang, 
2) Sultan Hadiwijaya, 
3) Pemanahan, 
4) Sunan Kudus, 
5) Sunan Kalijaga

Kawontenan:
Ing Panti Kudus Harya Penangsang manggihi Sunan Kudus. Kawiwiti sungkem kanthi ngaras
astanipun Sunan Kudus kalajengaken wawanpangandikan.

Antawacana:
Sunan Kudus: Jebeng Harya Penangsang, Sugeng rawuhe ing panti Kudus kene?
Harya P: Berkah pangestu Panjenengan, anggen kula sowan mboten kirang setunggal menapa.
Sunan Kudus: Tujune sliramu rawuh ndhisiki Hadiwijaya, awit Hadiwijaya saiki uga lagi mlaku mrene saiki isih ana ing ndalan.
Harya P: Ooo mekaten kanjeng sunan.
Sunan Kudus: Supaya jeneng sira bisa kaleksanan sedyanira, iki dak tata mengkene.
Harya P: Kula nyadhong dhawuh panjenengan.
Sunan Kudus: Sing sepisan sliramu aja nganti lungguh ing kene (nuding kursi kencana), awit kursi palenggahan ingsun iki wis dak rajah nganggo rajah kalacakra … Nalika Panjenengan ingsun dipitaya dening sultan Demak minangka senapati perang kraton Demak, akeh mungsuh sing kepengin nyidra kasugengan ingsun. Mula panti Kudus iki dak pageri kanthi maneka rajah kaslametan.
Harya P: Menawi wonten tiyang ingkang nglenggahi dampar menika…
Sunan Kudus: Wong iku bakal ilang pangaribawane, luluh bayu anggane…kaya dene wayang kang ilang gapite.
Harya P: Bakal kicalan kasekten lan daya linuwihipun.
Sunan Kudus: Sing paling wigati…sapa wonge sing nglungguhi kursi iki…bakal apes jayane.
Sunan Kudus: Kapindhone, gunakna akal budimu…aja grusa-grusu…jalaran sing sareh bakal pikoleh.
Harya P: Namung menika? Haa…ha…ha…
Sunan Kudus: Wis, saiki pethuken Sultan Hadiwijaya. Panjenengan ingsun bakal ngawat-awati saka kadohan. (medal nganan)
Harya P: Inggih…inggih…gampil menika. (noleh ngeri) Hadiwijaya dina iki patimu…Mateni Hadiwijaya…dak kira angel, eee jebule gampang….ha..ha..ha…

(S. Hadiwijaya mlebet saking keri panggung dipun dherekaken Pemanahan, kepanggih Harya Penangsang lajeng salaman)

Harya P: Sami sugeng rawuhipun Rayi Sultan?
S. Hadiwijaya: Alhamdulilah, angsal pangestunipun Kakang Harya Penangsang. Kosok wangsulipun kados pundi Kakang?
Harya P: Kalis, nir ing sambikala…kula tansah pinaringan karaharjan.
S. Hadiwijaya: Panjenengan menika kesangeten, sampun dangu panjenengan kok mboten nate rawuh ing Pajang.
Harya P: Nyuwun pangapun rayi Hadiwijaya, wiwit panjenengan jumeneng Sultan ngantos samenika…kula dereng nate sowan ing Pajang. Awit pranyata kathah sanget pakaryan ingkang kedah kula ayahi ing Jipang.
S. Hadiwijaya: Mboten menapa, ananging menawi sampun lodhang…kula suwun panjenengan tindak ing Pajang.
Harya P: Insya Allah…sa menika mangga-mangga kula dherekaken pinarak (nuntun dhateng dhampar kencana).
S. Hadiwijaya: Inggih, matur nuwun Kakang Harya Penangsang (badhe tumuju dhampar kencana)
Pemanahan: Nuwun sewu kanjeng sultan, Panjenengan pinarak mriki mawon (nuding kursi tamu).
Harya P: Kirang prayogi ketingalipun panjenengan pinarak ing mriku. Panjenengan menika Sultan Pajang … mila kedah pinarak ing  papan ingkang mirunggan. Kula wawas, inggih namung  dhampar menika ingkang trep kangge pinarakan panjenengan.
S. Hadiwijaya: Inggih…menawi kawawas mekaten (badhe tumuju dhampar kencana)
Pemanahan: (jumeneng nyandhet lampahipun S. Hadiwijaya) Nuwun sewu…kula atur pemut… Panjenengan jejer minangka sultan menika lak wonten Pajang. Ananging ing panti Kudus menika…Panjenengan jejeripun murid. Ing mriki mboten wonten sultan…mboten wonten adhipati…ing ngajengipun guru…sedaya menika murid.
Harya P: Ananging Panjenengan menika…
S. Hadiwijaya: Sampun-sampun Kakang Harya Penangsang, kula tak pinarak mriki mawon (kalih pinarak). Bab pinarakan mawon kok dados regejegan.
Harya P: (getem-getem) Menawi panjenengan mboten kersa pinarak ing dhampar mriki, kula trimah jumeneng mawon. Leres, ing mriki kula murid…mila kirang trep nglenggahi pinarakanipun guru.
Pemanahan: Inggih supados mboten kuwalat, murid kok wantun nglenggahi kursinipun guru mesthi kuwalat.
Harya P: Rayi Sultan Hadiwijaya, menawi wonten keparengipun …panjenengan ingsun kepengin mangertosi kahananipun kraton Pajang ing wanci menika?
S. Hadiwijaya: Kahananipun Kraton Pajang ing sakawit ayem tentrem, (mesem nyenges/sinis) ananging kuciwane ing dina-dina pungkasan iki akeh maling lan duratmaka kang padha reridhu ing Pajang.
Harya P: Ing Pajang kathah maling,…ha…ha…ha… menawi ing Jipang kok dhawah kosok wangsulipun. Sak menika ing Jipang nembe mlebet ing zaman kaemasan, Liripun… Jipang samenika manggihi bebrayan kang tatatentrem kerta raharja…murah sandhang pangan (pamer). Menawi ing mrika kathah maling, menika mertandhani kirang wibawaning pamerintahan. Ha..hah…hah …benten kalih ing Jipang, … awit sedaya tiyang menika sampun  ngertos,  bilih ingkang nyepeng panguwaos ing Jipang menika Harya Penangang…sedaya sami ajrih, (mboten sadar pinarak ing dhampar kencana)….mboten wonten ingkang wantun pek-pinek baranging liyan,…maling, begal, kecu… mboten wonten.
S. Hadiwijaya: Ananging ingkang dados gumun kula, …saben-saben wonten maling ingkang kacepeng mesthi ngaku asalipun saking Jipang. Saben wonten maling ingkang kaoyak…mlajengipun inggih dhateng Jipang.
Harya P: (gurawalan) E…ee…Mbok menawi tiyang menika namung ngaken-aken mawon,…menika mekaten…E..ee…Jipang saminika sampun tebih kuncaranipun, mila mboten mokal inggih kathah tiyang ingkang serik, meri, wusananipun mitnah dhateng Jipang.
S. Hadiwijaya: Ananging maling menika inggih nilar tandha bukti. Mbok menawi Panjenengan inggih pirsa pusaka menika gadhahanipun sinten? (noleh dhateng Pemanahan) Kakang Pemanahan, … coba caosake pusakane marang Kakang Harya Penangsang!
Pemanahan: Inggih (nyaosake pusaka dhateng Harya Penangsang), menika pusakanipun.
Harya P: Hlo…menika rak pusaka kula…Kyai Brongot Setan Kober (Jumeneng, nglolos pusaka sangking wrangkanipun nuli kaaras). Pusaka menika sampun sedasa dinten kula warangaken, kula  pasrahaken dhateng tukang jamas pusaka. Hla kok malah dipun salah gunakaken.
S. Hadiwijaya: Pusaka menika sampun dipun angge nyobi mejahi kula. Tujunipun mboten tumama, awit kalah prabawa kalih pusaka kula (jumeneng ngedalaken pusaka). Menika namine Kyai Carubuk …ampuhipun kagila-gila.
Harya P: Nanging ampuh menika (ngacungaken pusakanipun). Paribasanipun katamakaken gunung jugrug segara asat.
S. Hadiwijaya: Pusaka menika menawi katamakaken siti engkang cengkar balal subur, lepen ingkang asat badhe agung toyanipun.
Harya P: Tetep ampuh menika!
Pemanahan: Menawi pranyata ampuh…kenging menapa kalawingi dipun tamakaken jajanipun kanjeng Sultan mboten tumama.
Harya P: Awit sing namakake dudu Harya Penangsang …
S. Hadiwijaya: Yen Kyai Carubuk menika,…sinten mawon ingkang namakaken katiyasanipun sami.
Harya P: Dipun cobi menapa?
S. Hadiwijaya: Mbenjing saged, sakniki inggih saged!

(Harya Penangsang prang tanding pusaka kalihan Sultan Hadiwijaya,dereng wonten ingkang mimpang kacandhet dening SunanKudus)

Sunan Kudus: Mandheg-mandheg, iki ana apa…para priyayi luhur…hla kok padha padudon ing panti Kudus. Ora becik yen dinulu dening para kawula.
Harya P: Menika wau kula nembe gegojegan kalih Rayi Mas Hadiwijaya, awit sampun dangu mboten pinanggih mila menawi wicantenan radi kaseron.
S. Hadiwijaya: Ngapunten kanjeng rama Ja’far Shodiq, menawi tingkah kula ndamel kirang remening penggalih.
Sunan Kudus: Panjenengan rawuh ing panti Kudus kok ora paring kabar dhisik, apa ana sing wigati Nak Mas Sultan Hadiwijaya?
S. Hadiwijaya: Anggen kula sowan ing Panti Kudus menika, sejatosipun badhe nyuwun pirsa dhumateng panjenengan, bab wontenipun pusaka ingkang kepanggih wonten ing Pajang. Menapa naminipun pusaka  lan sinten ingkang kagungan?
Pemanahan: Nanging sakmenika sampun trang trawaca, pranyata pusaka menika naminipun Kyai Brongot Setan Kober kagunganipun Adhipati Harya Penangsang.
S. Hadiwijaya: Awit pusaka menika sampun wangsul dhateng bendaranipun, ateges sedya kula sampun kelampahan. Mila kepareng kula nyuwun palilah panjenengan, badhe wangsul dhateng Pajang.
Sunan Kudus: Hlo kok kesusu…apa ora prayoga kalamun aso salira dhisik ana panti Kudus kene.
S. Hadiwijaya: Sejatosipun inggih mekaten, ananging kathah pakaryan ing Pajang ingkang kedah kula ayahi.
Pemanahan: Menapa malih ing Pajang,…samenika kathah maling blajaran.
Sunan Kudus: Yen kaya mangkono, mung puja pangestuku sing ndherekake.

(S. Hadiwijaya lan Pemanahan sungkem lajeng medal, Harya penangsang nglajengaken ambal wacana kalih Sunan Kudus)

Harya P: Sejatosipun panjenengan menika mbela sinten? Mbela kula, menapa Hadiwijaya?
Sunan Kudus: Kena apa Jebeng Harya Penangsang kok takon mengkono?
Harya P: Hla menika wau, kula sampun aben ajeng kalih Hadiwijaya…kula kantun namakaken Brongot Setan Kober…hla panjenengan malah misah…menapa menika mboten ateges, bilih panjenengan ngeman pejahipun Hadiwijaya?
Sunan Kudus: Saiki coba jajalen ilmu kanuraganmu, kursi tamu kae antemen!
Harya P: Wit asem mawon, kula antem…ajur  sawalang-walang, napa malih namuung (ngarat kursi tamu) wuujuud kurrrsi (astane kraos sakit).
Sunan Kudus: Yen durung trima ambalana maneh!
Harya P: Sampun…sampun sakit sanget…kursi menika panjenengan paringi rajah menapa?
Sunan Kudus: Ora kursine sing kuat, ananging Jebeng Harya Penangsang sing luluh bayu anggane.
Harya P: Kenging menapa saget mekaten? (nggumun)
Sunan Kudus: Jebeng Harya Penangsang, iki mau pinarak endi?
Harya P: (bingung lajeng enget) E…ee …kula wau lenggah ing…(nuding dampar kencana). Mati…aku…mati aku..Rama Ja’far Sodiq (muwun kalih ndhepe-ndhepe),Kanjeng Sunan Kudus  kula nyuwun pitulungan.
Sunan Kudus: Yen pitulungan sarana…mbok menawa aku bisa… ananging,  pepesthen utawa takdir iku mung kagunganne Gusti Allah. Aku mung bisa menehi dalan utawa cara kanggo mbalekake daya linuwihe Jebeng Harya Penangsang. Ananging Jebeng Harya Penangsang Dhewe sing kudu nglakoni.
Harya P: Sanajan awratipun sagunung anakan, kula sagah nglampahi.
Sunan Kudus: Jebeng Harya Penangsang kudu nglakoni pasa 40 dina lawase. Jalaran saiki iki sing kari ana badanmu mung hawa nafsu. Kamangka Hawa Nafsu iku cinipta saka geni sing mung bisa dikalahake yen disiram kanthi pasa. Sudane hawa nafsu, bakal menehi panggonan akal lan budi,…kalamun jangkep 40 dina anggonira pasa…ing dina pungkasan daya linuwih Harya Penangsang bakal bali kaya wingi uni.
Harya P: Matur nuwun sanget…Rama Ja’far Sodiq…samenika kula nyuwun pamit…kula badhe wangsul ing Jipang…kula badhe netepi dhawuh pangandika panjenengan (sungkem, medal).
Sunan Kudus: Sejatine panjenengan ingsun iki wis tuwa… wis ora wayahe maneh ngurusi bab ruwet rentenging praja…ananging, anak polah bapa kepradah…
S. Kalijaga: (mlebet saking keri)assalamu’alaikum Wr. Wb.
Sunan Kudus: Walaikum Salam Wr.Wb.

(S. Kalijaga lan Sunan Kudus rerangkulan lajeng sami pinarak)

S. Kalijaga: Kula gatosaken ketingalipun wonten ingkang dipun penggalih.
Sunan Kudus: Inggih bab kahanan praja… wiwit Majapahit,  Demak nganti Pajang.
S. Kalijaga: Menapa menika bab rebutan panguasa?
Sunan Kudus: Leres, nalika Singosari lagi jaya senajanta mung saumur jagung lawase, ananging wis ngorbananake pitu nyawa lumantar keris empu gandring.
S. Kalijaga: Adat rebutan panguasa kalajengaken ing zaman Majapahit, Demak, sakmenika Pajang, lan kula kinten badhe terus lumampah ngantos akhiring zaman.
Sunan Kudus: Kita para wali sampun ndherekaken,… ndherek ngreka daya supados laku jantraning praja saged dados sarana kangge mbiwarakaken syi’aripun agami.
S. Kalijaga: Ananging ingkang dumados…kathahipun tebih ing panjangka. Para panguwasa sampun akekudhung agami kangge ngrebut lan nglestarekaken panguaosipun.
Sunan Kudus: Mila, mbok menawi sakmenika kita kedah ngewahi cara dakwah menika. Kita kedah langkung nengenaken dakwah dhumateng kawula dasih. Kanthi migunakaken tata cara ingkang langkung laras kalih kabudayan Jawi.
S. Kalijaga: Kula sarujuk sanget, awit sejatosipun ulama menika panggenanipun inggih wonten bebrayaning kawula dasih. Mila, wiwit sakmenika kula badhe netep ing Kadilangu ngopeni para warga ingkang ngelak ing piwulang agama.
Sunan Kudus: Semanten ugi, kula inggih badhe ngrumat panti Kudus minangka punjering ajaran agami.
S. Kalijaga: Kula kinten cekap, anggen kula silaturahim menika, InsyaAllah sanes dinten kasambung malih.
Sunan Kudus: Mangga kula dherekaken ngantos gapura panti Kudus.

(S. Kalijaga lan Sunan Kudus sesarengan medal )

0 Response to "NASKAH KETOPRAK: ARYA PENANGSANG BABAK III"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel