-->

NASKAH KETOPRAK: ARYA PENANGSANG BABAK IV


Naskah Drama Tradisional
(Kaanggit Dening: Akhmad Winarto)
Harya penangsang gugur


BABAK  IV

Paraga:
1) Sultan Hadiwijaya,
2)Pemanahan,
3) Penjawi,
4) Danang Sutawijaya
5) Semangkin,
6)Prihatin,
7) Emban Ceplok,
8) Emban Ceplik,
9) Pangeran Timur

Kawontenan:
Ing tamansari Kasultanan Pajang, Sultan Hadiwijaya manggihi Semangkin lan Prihatin ingkang nembe gegojegan kalih para emban.

Antawacana:
Semangkin    : Manggon ing tamansari iki tibake enak tenan ya dhi?

Prihatin     : Hla yen dibandingake karo nalika awak dhewe isih ndherek kanjeng Bibi Ratu Kalinyamat mertapa ing gunung Danaraja …ya isih kepenak ana kene.

Emban Ceplok    : Nanging panjenengan ampun kesupen,…panjenengan wonten ing mriki menika nggadhahi kewajiban.

Emban Ceplik    : Mangke gek kepenaken lajeng supe. Njenengan kedah saged nggonjak kanjeng Sultan.

Prihatin     : Ya ora ta biyung,…nanging miturut biyung emban, sak jane aku lan mbak ayu iki untung apa buntung?

Semangkin    : Kowe kok takon kaya ngono ta dhi? Awak dhewe iki kudu manut lan mituhu dhawuhe wong tuwa!

Prihatin     : Coba mbak ayu pikir tenan, ing atase awak dhewe iki isih bocah hla kok dikon ngladeni utawa dadi bojone wong tuwa… sing umure imbang karo suwargi Kanjeng Rama Prawata!

Semangkin    : Adhi pancen bener, ananging Bibi Ratu Kalinyamat uga bener. Awak dhewe didadekake bebana marang sapa wae sing bisa nyirnakake Harya Penangsang iku bener. Coba yen ora kanthi cara ngene…banjur kanthi cara apa…awak dhewe bisa males patine kanjeng Rama sing diperjaya Haryapenangsang?

Emban Ceplok    : Tresna menika jalaran saking kulina, tuladhane kula…kula rumiyin nalika dipek bojo bapake lare-lare niku…jan blas mboten remen. Hla pripun bapake lare-lare niku jan gak mboys blas, panune rata, ambune lebus…nanging bareng kula tlateni mawon…hla sak niki anak kula mbridhil nganti sewelas.  Sewelas jaler sedaya…mila sak niki kula ken  sregep latihan bal-balan. Mangke saged dados timnas sepakbola.

Emban Ceplik    : Wong lanang niku kados dene klapa…tambah tuwa…tambah kathah santene. Kados kula, bojo kula sing sepisan niku empun tuwa…bareng mangan gemblong…untune katut.. kontal…terus mati. Warisane kathah.

Prihatin     : Kowe iku sing mbok pikir kok warisan wae.

Emban Ceplik    : Bakda niku kula angsal bojo nom…tingkahe macem-macem…senenge kebut-kebutan. Apese awak nabrak pitik, terus mati.

Semangkin    : Nabrak pitik wae kok mati?

Emban Ceplik    : Hla pitike sak colt tepak.

Semangkin    : Kuwi jenenge nabrak colt…ora nabrak pitik.

Emban Ceplik    : Mboten putus asa, kula rabi malih. Kula dilamar tiyang kidul kali, kula dereng kenal tiyange… kula namung dituduhi foto…jiaan nggaaantheng tenan. Mila lamaran kula tampa, bareng dadi manten kok tuwa, kok beda karo ing foto…eee…tibane kuwi foto 40 tahun kepungkur.

Emban Ceplok    : Kuwi jenenge umur suwid…

Emban Ceplik    : Sweet seven teen?

Emban Ceplok    : Suwidak…umure suwidak tahun.

Emban Ceplik    : Mulane kuwi nyang endi-endi ambune balsem…kula gregeten…angger bar ngisyak njaluk dibalsem…bar ngisak njaluk dibalsem…wusanane kula balsem rata sak kujur… eee hla dalah…esuk-esuk hla kok mati…kaku.

Prihatin     : Hla saiki kepriye?

Emban Ceplik    : Hla niku kula bingung, embuh cintaku kok selalu kandas di tengah jalan.

S. Hadiwijaya    : (mlebet) Assalamu’alaikum.

Semangkin    : Waalaikum salam, mangga-mangga njeng Sultan? (kenes)

Prihatin    : (kenes) Sarawuhipun Kanjeng Sultan ing taman sari…kula ngaturaken sembah pangabekti mugi konjuk.

S. Hadiwijaya    : Sembah pangabekti iku bakal luwih sampurna, lamun kowe sakloron gelem ngawula bekti dadi garwaku.

Semangkin    : Kados dene ingkang sampun kula aturaken kala wingi, bilih kula sak kloron purun dipun garwa dening sinten mawon, kanthi patukon sirahipun Harya Penanggsang.

S. Hadiwijaya    : Patukon iku ora kena dienyang sethithik?

Prihatin    : Mboten saged kanjeng Sultan. Menika sampun dados prasetya kula kekalih…kula badhe pasrah jiwa raga kula (kenes nggodha) dhumateng sinten mawon ingkang saged minangkani panyuwun kula menika.

S. Hadiwijaya    : Hla iya…pingin nduwe bojo ayu wae kok jalukane abot…Ya wis, saiki enteni ing tilam sari! … Panjenengan ingsun bakal nuruti panjalukmu. Biyung emban…!

Emban Ceplok    : Wonten dhawuh gusti!

S. Hadiwijaya    : Ki Pemanahan, Penjawi, lan Danang Sutawijaya, aturi mlebu ing taman kene?

(Semangkin, Prihatin, lan Emban medal, Ki Pemanahan, Penjawi, lan Danang Sutawijaya mlebet )

S. Hadiwijaya    : Pemanahan, Penjawi, lan kowe Danang Sutawijaya!

Pemanahan, Penjawi, lan kowe Danang Sutawijaya: (sesarengan) Wonten dhawuh gusti?

S. Hadiwijaya    : Siagakna para prajurit…sesuk esuk budhal ngrabasa Jipang. Panjenengan ingsun dhewe sing bakal mandhegani.

Pemanahan    : Panjenengan badhe perang tandhing kalih Harya Penangsang?

S. Hadiwijaya    : Iya … kaya mangkono.

Pemanahan    : Bab menika mangga dipun penggalih rumiyin…Panjenengan menika Sultan utawi raja … Harya Penangsang menika, namung adhipati. Miturut kula, inggih kirang trep … raja kok tandhing kalih adhipati…mboten pantes.

S. Hadiwijaya    : Banjur kepriye miturut panemumu?

Pemanahan    : Panjenengan tetep ing Pajang mawon…mangke kula lan adhi Penjawi ingkang mrantasi karya.

Penjawi    : Inggih Gusti, perkawis menika cekap pasrah dhumateng Kakang Pemanahan lan kula.

S. Hadiwijaya    : Awit Harya Penangsang iku dudu wong sembarangan, mula yen perang mengko nggawaa tombak Kyai Pleret minangka gantine panjenengan ingsun.  Lan marang kowe sakloron yen bisa mrejaya Harya Penangsang, mengko dak ganjar bumi pati lan mentaok.

(Pangeran Timur mlebet, Sultan Hadi Wijaya, Ki Pemanahan, Penjawi, lan Danang Sutawijaya kaget
lajeng siyaga )

P. Timur            : Kula ingkang sowan gusti!(nyembah lajeng pinarak)

S. Hadiwijaya    : (kalih ngunus pusaka) Yen ora kleru…sampeyan Kang Mas Pangeran Timur rayine Kang Mas Harya Penangsang ing Jipang.

Penjawi    : Ingkang atos-atos gusti…ampun ninggal kaprayitnan!

P. Timur            : Inggih, kula Timur saking Jipang.

S. Hadiwijaya    : Lajeng menapa wigating lampah, kok sampeyan nekuk dhengkul… ing ngarsaning Sultan Hadiwijaya. Menapa sampeyan badhe njajagi Sultan Hadiwijaya.

P. Timur            : Mboten…mboten mekaten, anggen kula marak seba menika, saestu mujudaken tandha manungkul kula dhumateng panguaosipun Sultan Hadiwijaya. Kula badhe nderek suwita dhateng Pajang.

Pemanahan    : Gek-gek menika namung samudana “macan akekudhung sutra”.

P. Timur            : Menawi kula kaanggep mekaten, lajeng menapa pawitan kula. Menawi Panjenengan mboten pitados,…mangga-mangga …menika kula caosaken pusaka kula. (nyaosaken pusaka) 

(S. Hadiwijaya nyarungaken pusakanipun piyambak lajeng nampi pusakanipun Pangeran Timur)

P. Timur            : Kula samenika sampun nglegena, menapa panjenengan dereng pitados dhateng kula?

S. Hadiwijaya    : Inggih, kula pitados…mila mangga jumeneng mawon!

P. Timur            : (jumeneng) Matur nuwun, awit kapitadosanipun.

S. Hadiwijaya    : Samenika…mangga kula aturi ngendikan, menapa jalaranipun…panjenengan malah nilaraken Jipang…mboten ndherek sabela pati dhateng Kang Mas Harya Penangsang?

P. Timur            : Mekaten Dhimas Sultan, sejatosipun wiwit sepisanan dumadosipun pradhondhi utawi padudon ing antawisipun Panjenengan kalih Kang Mas Harya Penangsang kula sampun mboten sarujuk.

S. Hadiwijaya    : Kenging menapa kok mekaten?

P. Timur            : Miturut pamanggih kula, ingkang gadhah utang nyawa menika namung Dhimas Prawata lan Paman Trenggana, ingkang nalika semanten sampun mrejaya Rama Surawiyata. Kamangka  kekalihipun samenika sampun seda. Dados utang nyawa bayar nyawa …sampun lunas.

S. Hadiwijaya    : Lan ingkang langkung wigatos malih, nalika dumadosipun prastawa rajapejah rumiyin… kula dereng dados mantunipun suwargi Kanjeng Sultan Tenggana. Dados kula mboten ndherek-ndherek bab prastawa sedanipun Paman Surawiyata.

Penjawi    : Niku ateges…Kanjeng Sultan Hadiwijaya menika…mboten ndherek dhahar nangka nanging kenging pulutipun.

P. Timur            : Bab menika kula sampun atur pemut dhumateng Kang Mas Harya Penangsang, ananging atur kula mboten kadhahar, kapara kula malah dipun tundhung saking Jipang. Mila samenika kula ngaturaken jangga kula dhumateng Panjenengan. Mugi Panjenengan kersa nampi suwita kula.

S. Hadiwijaya    : Menawi kados mekaten…ngiras kangge nodhi prasetya sampeyan …dherekaken gelar perangipun wadya bala Pajang ingkang badhe ngrabasa Jipang!  Menawi mangke Jipang kasil kabedhah, sampeyan ingkang kula wisudha minangka Adhipati ing Jipang nglengser kalungguhanipun Kang Mas Harya Penangsang.

P. Timur            : Kula ngaturaken gunging panuwun Rayi Mas Sultan.

S. Hadiwijaya    : Sabda pandhita ratu… Pemanahan lan Penjawi siyagakna para prajurit…bedhahen kadhipaten Jipang! Mung donga lan pangestuku sing njangkung lakumu. (medal)

Pemanahan lan Penjawi: (sesarengan) Kasinggihan dhawuh Gusti.

Pemanahan    : Bab tata gelaring perang…si adhi Penjawi sing dak percaya mranata. Aku mung manut wae.

Penjawi    : Iki ngene kakang, Harya Penangsang iku wong sing sugih kendel uga sugih piandel… sekti mandraguna, ananging ana kekurangane.

Pemanahan    : Apa kekurangane?

Penjawi    : Harya Penangsang iku nduweni watak brangasan …kurang petung. Kanggo mancing watake Harya Penangsang, mula kudu ditandingake karo musuh sing ora sababag…ora timbang. Hla sing cocok ora ana liya, kajaba putramu Si Danang Sutawijaya.

Pemanahan    : Sutawijaya iki dak gegadhang besuk dadi raja lho dhi, mengko yen ana apa-apane kepriye?

Penjawi    : Aku sing tanggung jawab. Dinane iki Harya Penangsang lagi nglakoni tirakat 40 dina lawase kanggo ngilangi apes lan mbalekake kadigdayane, kamangka isih kurang rong dina.

Sutawijaya    : Kanjeng rama…sampun nguwatiraken kula, kula sakmenika sampun dewasa…napa malih mangke kula mbeta tombak Kyai Pleret. Kula jebole wadhuke Harya Penangsang.

Penjawi    : Sutawijaya mengko nunggang jaran wedok.

Pemanahan    : Aja ngawur lho dhi, tunggangane Harya Penangsang iku jaran lanang gedhe dwuwur sing diarani Gagak Rimang…hla kok arep mbok mungsuhke jaran wedok.

Sutawijaya    : Inggih…kula isin yen nunggang jaran wedok, nunggang jaran pisan wae kok jaran wedok…isin kula.

Penjawi    : Wis ta…lanang kuwi kalahe karo wedok. Gagak Rimang tunggangane Harya Penangsang iku jaran perang, dadi ora tau kumpul jaran wedok. Mengko yen weruh jaran wedok mesthi bingung ora bisa dikendaleni. Jarane gendheng sing nunggang lali ing kaprayitnan.

Pemanahan    : Ya pancen kaya ngono, saiki enggal padha tata-tata!

P. Timur            : Banjur kewajibanku apa?

Sutawijaya    : Halah…!!! Sampeyan niku pokoke melu!!! Hayo!!!

(Ki Pemanahan, Penjawi, Danang Sutawijaya lan Pangeran Timur medal)

0 Response to "NASKAH KETOPRAK: ARYA PENANGSANG BABAK IV"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel