-->

NASKAH KETOPRAK: ARYA PENANGSANG BABAK V


Naskah Drama Tradisional
(Kaanggit Dening: Akhmad Winarto)
Harya penangsang gugur


BABAK  V

Paraga:
1) Harya Penangsang,
2) Patih Mentaun,
3) Pangeran Timur,
4)Soreng Rono,
5) Soreng Rangkut,
6)Pemanahan,
7) Penjawi,
8) Danang Sutawijaya,
9) Prajurit Pajang

Kawontenan:
Ing sapinggire Bengawan Sore dumados peperangan ing antawisipun Kasultanan Pajang lumawan kadhipaten Jipang.  Harya Penangsang minangka senapati Jipang nunggang Gagak Rimang dene Sutawijaya nunggang jaran wadon kang dipaesi lan buntute diklabang. Prajurit Pajang kawon lumawan para Soreng, para soreng kalah lumawan Penjawi. Pangeran Timur kawon kalih Mentaun. Patih mentaun pejah kenging pusakane Pemanahan. Jaran Gagak Rimang mboten purun dikendalekaken Harya Penangsang, kapara malah mlajeng badhe ngawin jaran tunggangane Sutawijaya. Harya Penangsang mlumpat ngrabasa Sutawijaya ingkang mlajeng ajrih.

Antawacana:
Sutawijaya: (mlajeng nyaketi Pemanahan lan Penjawi) Rama … mangga wangsul teng Pajang…Kula ajrih, Harya Penangsang ngedhap-edhapi.
Pemanahan: Aja wedi! …Kowe singadan ing grumbul kono. Aku lan Ki Penjawi sing maju. Mengko yen, Harya Penangsang lena…tumbaken wetenge!
Penjawi: Sing Prayitna Kakang!
Harya P: (mlebet) Endi Hadiwijaya…majua!... Iki Harya Penangsang!
Pemanahan: Kanggo ngadhepi sliramu ora usah Gusti Sultan Hadiwijaya. Cukup aku wong Sela sing ngadhepi.
Harya P: Kurang ajar!…He..wong Pajang majua bareng. Ketiban tangane Harya Penangsang sida ajur kuwandhamu!

(Penjawi kalihan Pemanahan ngroyok Harya Penangsang, Penjawi lan Pemanahan kapikut dening Harya Penangsang. Nalika Harya Penangsang nembe badhe ngunus pusaka, Sutawijaya saking wingking nancepaken tombakipun,  Ki Pemanahan, Penjawi, lan Danang Sutawijaya mlajeng medal).

Harya P: Kurang ajar, Kowe wong Pajang…Culika Kowe…Kowe dudu satriya. (usus ingkang medal  kenging tombak dipun ubetaken pusaka). Hayoo….wong Pajang aja mlayu…adhepana Harya Penangsang!

(Harya Penangsang mlajeng ngoyak, kasil mikut Sutawijaya)

Harya P: (kalih mikut Sutawijaya) Kowe bocah cilik,  wani nombak Harya Penangsang! Sambata bapa biyungmu.
Sutawijaya: Rama…tulung!...tulung!
Harya P: (ngunus pusaka, ananging malah medhot ususipun piyambak) AAA…mati aku! (seda).
Penjawi: Saiki layone Harya Penangsang ayo padha dirukti kanthi kinurmat!
Pemanahan:  Harya Penangsang wis mati minangka satriya sing gagah prakosa. Kanggo pangeling-eling marang kasatriyane Harya Penangsang, mula wiwit dina iki … para penganten Jawa yen ngagem busana kasatriyan, pusakane kudu karenda kembang mlathi kaentha memper ususe Harya Penangsang!

Tancep Kayon

0 Response to "NASKAH KETOPRAK: ARYA PENANGSANG BABAK V"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel