-->

KUMPULAN TEKS BASA JAWA


Nyusun teks informasi sing paling penting kudu ngerti ciri khase lan jinise teks. Carane nyusun teks informasi: 

1. Teks pawarta 
Teks pawarta kuwi sing diandharake kudu nggunakake pedhoman ngenani: apa, sapa, kapan, nyapa (kena apa), nang endi, kepriye. 

2. Teks persuasi 
Temtokna data/fakta/fenomena sing arep kokgunakake minangka dhasar kanggo narik kawigaten lan mangaribawani utawa ngajak.
Data/fakta/fenomena sing narik kawigaten yaiku data/fakta/fenomena sing rupa sebab akibat sing bisa migunani utawa ngrugekake tumrap pribadi-pribadi, masyarakat, bangsa, lan negara, malah bisa uga tumrap donya saisine. Nulis jenis teks persuasi sing paling wigati kudu kanthi basa kang gampang dingerteni dening pamaca kabeh. 


Taman Nasional Baluran

Njaga lestarine alam Indonesia dadi tanggung jawabe kabeh warga negara Indonesia, yaiku kabeh masyarakat lan pemerintah.
Kementerian Kehutanan lan Lingkungan Hidup sing kejibah njaga lan ngupakara lestarine alam Indonesia. Salah sijine kanthi netepake Taman Nasional. Taman Nasional yaiku cagar alam/hutan lindung sing dilindhungi undhang-undhang kanggo njaga lestarine ekosistem sing asli, yaiku alame, tandurane, lan kewan-kewane.

Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem sing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku bantheng.
Rini lan Bima wis nate diajak Bapak ibune dolan menyang Taman Nasional Baluran. Bocah loro seneng atine ana Taman Nasional Baluran, amarga bisa langsung ngrasakake lan ndeleng endahing alame, tanduran, lan kewan-kewane sing wis langka. Rini lan Bima seneng banget bisa weruh wujude bantheng.
Mula yen kepingin kaya Rini lan Bima, enggala nggawe rencana liburan semester iki saperlu dolan menyang Taman Nasional Baluran. Ing kono saliyane dolan-dolan uga bisa nliti lan sinau ngenani maneka warnane ekosistem. Regane tiket kanggo mlebu kepetung murah. Papane gampang diparani, amarga manggone ana ing sapinggire dalan gedhe Surabaya Banyuwangi KM 18, Arjasa-Situbondo. Taman Baluran mapane ke bawah Ds. Sumberwaru, Kecamatan Banyuputih, Kabupaten Situbondo 


Banjir Bandhang lan Longsor Trenggalek

Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.  
Prahara banjir bandhang lan tanah longsor mau kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 pukul 22.00 WIB, sawise udan deres meh sedina sewengi ora leren. Prahara lemah longsor kang nggawa korban jiwa 1 asal desa Senden Kecamatan Kampak,  lagi surut lan bisa ditangani ing ing dina Rabu, 17 Agusutus 2016.  
Prahara banjir bandhang medhotake kreteg ing dalan sing ngubungake kecamatan Kampak-Munjungan lan Kampak-Gandusari uga ngrendhem ewonan omah. Pedhote kreteg mau nyebabake
bantuan kanggo korban prahara banjir bandhang sing diliwatake BPBD ora bisa dikirim kanthi lancar.


Ngopeni Banyu, Sumber Panguripan

 Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip, ora bakal bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhake, banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Nyatane ing jaman saiki angel banget golek banyu sing resik bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit - witan sing nandhon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kenek polusi, amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah pomahan uga limbah pabrik.  
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged (tercemar). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.

0 Response to "KUMPULAN TEKS BASA JAWA"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel